Mbah Jo dirawat ndhik
rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis,
Irunge sampek dipasangi
selang.
Wis pirang-pirang dino iki
mbah Jo meneng ae koyok wong koma, mripate
thok sing ketap-ketip.
Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno
mudhin ben didungakno.
Pas mudhine enak-enak
ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak
Iso ambekan, raine pucet,
tangane gemeter.
Nganggo bahasa isyarat
mbah Jo nirokno wong nulis.
Anake ngerti maksute,
langsung dijupukno kertas ambek pulpen.
Ambek megap-megap, mbah Jo
nulis surat. Karo siso-siso tenogone
mbah Jo ngekekno surate
iku mau nang pak Mudhine.
Ambek Pak Mudhin kertase
iku mau langsung disaki,
rasane kok gak tepak moco
surat wasiat saiki, pikire pak Mudhin.
Mari ngesaki surat pak
Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono
mbah Jo ninggal dunyo.
Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah
Jo iku wonge apikan.
Pas selametan pitung
dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.
Mari mimpin ndungo, Pak
Mudhin lagek iling lek dhe’e nganggo klambi
batik sing digawe pas mbah
Jo mangkat. Lha ndhik sake lak onok titipan
surate Mbah Jo tah, waduh
selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.
”Derek-derek sedoyo, onok
surat seko almarhum Mbah Jo sing durung
Tak sampekno nang sampeyan
kabeh.
Lek ndhelok mbah Jo pas
uripe, isine mestine nasehat kanggo anak
putune kabeh. Ayok diwoco
bareng-bareng isi surate”.
Mari ngono pak
Mudhin ngerogoh surat
ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..
HE.. NGALIO DHIN !!! OJO
NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!
GAK ISO AMBEKAN CUK.....!!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar