Mari kekeselen ngerosok gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge luwe.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngidak botol.
Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluk/asap e, Kayat mencolot kuuuuaget.
”Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,” jare jin e.
”Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok
ngene iki mergo dibujuki ambek jin” jare Kayat.
Lho biyen iku be’e awakmu pethuk ambek jin kaspo alias sanjipak, iku ancen jin tukang ngapusi.....lha aku iki lak jin apik an , dhadhi wis gak usah khawatir awakmu.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal iso luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo” jare jine maneh.
”Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!.
Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat
”Meremo dhiluk..”jare jin e. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
”Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine.
”Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange.” jarene Kayat.
”Meremo dhiluk..” jare jin e.
Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah.
Kayat sueneng gak karuan.
”Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun” jare jin e.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, ”Aku kepingin kulitku malih putiiiih, udho, dirubung wong wedhok akeh”.
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang,
Pikire Kayat mulai curiga.
Bareng melek,
Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar,
tibake Kayat wis dhadhi tahu. . .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar