Sabtu, 16 Mei 2015

NENEK SUPER



Wahono umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal, cumak sayange raine mulai kisut ireng kabeh.
Pas ulang taunan sing 45, Wahono kepingin kethok enom maneh. Akhire Wahono nekat mecah celengane bojone digawe ongkos operasi plastik.....
Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Wahono saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Wahono bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.
Pertama pas nang pasar Gondang onok ibu-ibu tuku kain.
”Ning, ayo bedhe’en piro umurku ?” takok Wahono ambek mesam mesem sok imut.
”Paling sekitar selawe mas . . .” jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Wahono.
”Salah Ning, umurku sakjane wis 45” jare Wahono bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Wahono ngetokno KTP ne.
Mari ngono Wahono ngenteni buyarane arek SMA Gondang.

Pas onok cewek-cewek liwat, Wahono mbedhe’i maneh nang arek arek iku piro umure.
Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun.
Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45 gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTP ne kuabeh lagi percoyo.
Wahono malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng.
Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe’i umure, tapi gak onok sing bener.
Pas dolan nang kuto Tulungagung, Wahono antri pesen mangan nang McDonald. Bareng oleh giliran, Wahono ditakoni pelayane arep pesen opo.
”Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe’en piro se umurku?” jare Wahono.
”Kiro-kiro 27 mas” jare pelayane.
”Salah mbak, umurku 45” jare Wahono.
Mari lego nggarai, akhire Wahono pesen panganan.
Lha pas arep mulih, nang parkiran Wahono pethuk ambek nenek nenek arep mlebu montor.
Mergo durung tau mbedhe’i wong tuwek, akhire Wahono nekat nguber terus takok.
”Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe’i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?” jare Wahono.
”Ngger putuku, ojo mbok kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku ora iso mbedhek  piro umurmu.” jare simbah mau.
”Iyo tah, piro jajal umurku?” takok Wahono penasaran.
”gampang......iso aku njawab.... tapi onok sarate” jare simbah mau.
”Opo sarate mbah ?”Wahono tambah penasaran.
”Sarate iku, awakmu kudhu ngeculno klambimu kabeh sak kathok e pisan, udho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran. Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu.” jare simbah iku mau.
Wahono ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih. Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Wahono nuruti sarate. Mari nitipno klambi nang simbah iku, Wahono mlayu
udho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Wahono wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.
”Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng.
Ayo cepetan bedhe’en umurku piro selak satpame teko !!”jare Wahono ambek menggos-menggos ambekan e senin kemis.
Mari nguncalno kathok e Wahono, simbah iku mau ngomong,”Le, aku weruh umurmu iku saiki 45”.
Wahono kuaget sampek lali kathok’an, kok onok wong sik isok mbedhek umure.
”Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing iso mbedhek umurku tepat, opo rahasiane mbah?” takok Wahono gak sabar.
”Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald
. . .”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar