Jumat, 08 Mei 2015

Rp 200.000

Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No.
”Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Bojomu ono tah ?” jare tamune.
”Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak..” jare bojone Cak No. 

Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No
mulih.


”Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksi pisan” Kusen mulai ngerayu.
”Pean ojo macem-macem lho, tak kandakno bojoku lho sampeyan”
jare bojone Cak No.
”Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh nge-sun pipi sampeyan pisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken” jare Kusen ambek ngetokno seket ewuan loro.
 

Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opo maneh jamane angel golek duit lak lumayan ta.
 

”Yo wis, tapi diluk ae yo”. jare bojone Cak No.
 

emuuuuuuaccchhh.......Mari ngesun, Kusen menehno dhuwike.
 

”Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo-karone. Lek oleh ngesun sitoke, tak wenehi satus ewu maneh” jare Kusen.
 

Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau.
 

eeeeemmmmmmuuuuaacchhh.....Mari ngesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.
 

Bojone Cak No sueneng gak karuan, ” iki nge sun o pisan maneh cak... gae bonus”, jarene.
 

Mari ngono Kusen ngesun maneh sing jarene bonus iku, terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko-teko soale katene arep onok urusan liyo.
 

Gak sui, Cak No mulih.
”Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen, wonge antik pol..” bojone cerito.
 

”Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rongatus ewu, piye...wis dibayar tah?”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar