Mari maling sandal
nek masjid, Togog dilapurno nang polisi.
Ambek
polisine Togog terus dilebokno penjara.
Tibake
penjarane wonge sangar-sangar, brewokan, dempal-dempal akeh tatone.
Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak lan sak
panunggalane.
Togog malih
wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara. Pas wayahe
antri
mangan, Togog mulai oleh konco.
”Awakmu wong
anyar yo ?” jare konco anyar iku.
”Iyo . . .”
jare Togog.
”Wis gak
usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditanggung, klambi
dijatah, turu gak mbayar. Opo maneh ndhik penjara iki awakmu isok
nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu.” jare koncone Togog.
”Lho cik
enake. Opo ae acarane ndhik kene ? takon Togog.
”Bengi iki
malem Senen, acarane maling. Kabeh Napi ndhik kene saling copet copetan.
Lha dhuwike bakal digawe main malem Seloso sisuk.
Awakmu arek
anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone biasane arek anyar
sing dikongkon dhadhi bandare ”, jare koncone Togog.
”Oo gak
masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar judi. Tapi lek
digerebeg polisi yok opo ?” jare Togog.
”Katene
digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara.
Lha malem
Rebone iku acarane minum. Biasane arek anyar koyok awakmu dikongkon
ngentekno bir limang botol”, jare koncone Togog.
”Oo gak
masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku” jare Togog.
”Mari ngono,
malem Kemise iku acarane madhat. Pokoke sembarang onok, ganja,
sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu”, jare koncone Togog.
”Wah tepak
wis, lek aku senenge sabu-sabu. Tapi lek kecekel polisi yok opo ?”, jare
Togog.
”Lek awakmu
nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno penjara. Lha wong
awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh. Wis tah,
pokoke aman.” jare koncone Togog.
”Wah sip lek
ngono. Lha malem Jum’at acarane opo ? jare Togog.
”Awakmu homo
tah dhudhuk ?” takon koncone Togog.
”Ngawur ae,
aku iki normal rek !!! ” jare Togog.
”Wah berat
iki cak ”, jare koncone Togog.
”Lho opo o
masalae ? ” takon Togog.
”Soale malem
Jum’at, malem Sabtu ambek malem minggu iku acarane madhon. Lha
biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhoke ”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar