Uwar ambek Joko koncoan
apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda
bagian pengisian BBM
Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan
deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani
mudhun, wong loro iku
malih nganggur gak onok gawean.
”Adem-adem ngene enake
ngombe yo” jare Uwar.
”Wah iyo tepak iki. Awakmu
tau krungu tah lek avtur iku isok diombe?” jare Joko.
”Yo tau se, jarene lek
ngombe avtur isok mak busss !!..kon wani nyobak tah ?” Uwar mulai gunggungan.
Mari ngono arek loro
mbukak krane truk tanki avtur.
Wis tuwuk ngombe arek loro
iku mulih terus keturon.
Isuke pas Uwar tangi,
rasane awake sueger kuat. Moro-moro onok tilpun muni,
tibake Joko sing nilpun. ”Yok
opo kon War..?” jare Joko
”Wah whuenak, kon yok opo
?” jare Uwar.
”Awakku yo sueger pisan.
Kon gak teler tah ?” jare Joko.
”Gak blas, aku yo gak
ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak
maneh tah ?” jare Uwar.
”Yo setuju, cumak aku kate
takok, kon wis ngentut dhurung ?” takok Joko.
”Dhurung..” jare Uwar.
”Wah gawat iki. Wis pokoke
kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak kuatmu. .” jare Joko.
”Lho opo o masalae ..?”
Uwar bingung.
”Soale aku saiki ndhik Banjarmasin..”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar