Minggu, 04 Agustus 2019

KHUTBAH IDUL ADHA 2019 M BAHASA JAWA RINGKAS DAN APIK

Add caption

KHUTBAH IDUL ADHA 2019 M

اللهُ اَكْبَرُ × 9 الله اَكْبَرُ كَبِيْرًا ، وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ وَصَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَ اللهُ اَكْبَرُ ، اللهُ اَكْبَرُ وَ ِللهِ الْحَمْدُ

الحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خَلَقَ الزّمَانَ وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ فَخَصَّ بَعْضُ الشُّهُوْرِ وَالأَيَّامِ وَالَليَالِي بِمَزَايَا وَفَضَائِلَ يُعَظَّمُ فِيْهَا الأَجْرُ والحَسَنَاتُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اللّهُمَّ صَلّ وسّلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وِعَلَى آلِه وأصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ في أَنْحَاءِ البِلاَدِ. أمَّا بعْدُ، فيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ
فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ. فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ. إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ

Alhamdulillah, puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah, dening punapa gusti Allah taksih paring kesehatan dumateng kita, sehingga kita mampu makempal wonten Masjid niki, nglampahi ibadah sholat Idul Adha.

Allahu Akbar 3x Walillahil Hamd
Lewat mimbar meniko kawulo ngajak dateng diri kulo pribadi lan ugi dumateng hadirin sedoyo; monggo kito Taqwa dateng ngarso gusti Alloh ingkang Moho Agung, kita nglampahi sedanten perintahipun Gusti Allah lan kita tabihi sedanten larangan e gusti Allah.

Hadirini jamaah ingkang dipun mulyaaken Allah
Idul Adha tanggal sedoso Dzul Hijjah meniko ugi dipun kenal kanti sebutan Hari Raya Haji, sebab kaum muslimin ingkang nindaaken ibadah haji nembe wukuf wonteng Arofah. Sedoyo jamaah haji ngagem pakaian ihrom ingkang sarwo pethak lan boten jahitan, ingkang disebat pakaian ihrom. Meniko nglambangaken bilih kaum muslimin meniko sami akidahipun lan anggadhahi derajat ingkang sami, boten saget dibentenaken, sedoyo ngrumahosi sami derajatipun, sami-sami ngeparek dateng Alloh ingkang moho kuaos, kanthi sareng-sareng mahos talbiyah:
لَبَّيْكَ اللَّهُمَّ لَبَّيْكَ ، لَبَّيْكَ لاَ شَرِيْكَ لَكَ
Kejawi dipun wastani riyadin haji ugi disebat ”idul qurban” riyadin kurban. Keranten Idul adha meniko setunggaling riyadin ingkang kangge mangertosi artos berkurban. Arti kurban inggih meniko kito paring peparingan minongko raos remen dan tresno dateng tiyang sanes sesami tiyang muslim. Kados ingkang sampun dipun tuladhaaken dening Kanjeng Nabi Ibrahim as.



Hadirin kaum muslimin muslimat ingkang dipun mulyaaken Allah SWT

Gusti Allah Dawuh :
وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الْآخِرِينَ
”Ingsun abadiaken kanggene Ibrohim (sebutan kang apik) ing kalangane wong-wong kang keri” (Q.S. Ash-Shoffat: 108)

Ing dalem kalih ayat meniko, cetho sanget bilih sak yektosipun Gusti Alloh sanget mulyaaken dateng Nabi Ibrohim, sahinggo Nabi Ibrohim lah ingkang dipun juluki bapake poro Nabi, ugi bapakipun ummatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Wonten nopo kok Gusti Alloh ngantos semanten agenge anggenipun mulyaaken kanjeng Nabi Ibrohim ?
Nopo keranten bondo? keturunan ? kekuatan?
Boten niku......

Nabi Ibrohim dipun kenang ngantos akhir zaman keranten keteguhanipun nggondheli amanah Alloh lan keikhlasanipun ngorbanaken sedoyo nopo kemawon demi Alloh SWT.

Cobaan Nabi Ibrohim ingkang amrat inggih meniko naliko nglampahi perintahipun Alloh kedah ngorbanaken putranipun ingkang paling dipun sayangi, inggih meniko Ismail. Ismail kedah dipun dadosaken korban kagem Alloh kanthi dipun sembelih. Kerelaan lan keikhlasan Nabi Ibrohim menyembelih putranipun meniko lah ingkang terus kito peringati ngantos sak mangke ing dalem wulan Idul Adha.

Hadirin, jamaah ingkang dipun rahmati Alloh….
Wonten ing zaman sak meniko, pengorbanan Nabi Ibrohom kasebat kedah tetep kito apresiasi, kito wujudaken, kanthi nglampahi ibadah haji kagem ingkang sampun mampu, lan nyembelih hewan kurban kagem tiyang ingkang kagungan kecukupan bondo kagem kurban. Kejawi meniko kito ugi tetep kedah terus menerus meniru kisah keteguhan, ketaatan lan ketabahan Nabi Ibrohim kasebat wonten pagesangan kito.
Ketabahan Nabi Ibrohim ngorbanaken putranipun saget kito wujudaken wonten kerelaan kito ambagi kasenengan kalian tetanggi, lingkungan lan sederek-sederek umat Islam lintunipun.

Gusti Alloh ngendikan wonten ing Al-Qur’an :
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ (155)
Ingkang artosipun :
“Dan sungguh Kami akan berikan cobaan kepadamu, dengan sedikit ketakutan, kelaparan, kekurangan harta, jiwa dan buah-buahan. Dan berikanlah berita gembira kepada orang-orang yang sabar.” (QS Al Baqoroh: 155)

Pesen ingkang saget kito pahami saking ayat meniko inggih meniko, bileh tiyang ingkang beriman badhe dipun uji keimananipun kanthi ujian ingkang bermacam-macam, dipun uji dengan rasa ketakutan, kelaparan, kekurangan harta lan dipun uji dengan kehilangan tiyang ingkang dipun tresnani.
Jamaah sholat Idul Adha ingkang dipun rohmati Allah…
Yektosipun kathah sanget hikmah ing salebeting Syareat Qurban menika. Keparengo kita aturaken kalih bab hikmah ipun, sageta kita tindakaken.

Sepisan: Sumangga kita ugi tansah nyembelih sifat-sifat hewan ingkang mbok bilih tumanduk wonten ing manah kita.
Hewan menika gesangipun mboten mawi tuntunan, Mboten wonten dhawuh lan larangan.
Sifat  hewan ingkeng mekaten menika kedah kita sembelih, kita icali saking manah kita. Bilih kita gesang menika mboten saget sak kajengipun piyambak kados hewan...ananging kedah mawi tuntunan inggih al quran lan assunnah. Bilih kita gesang menika kedah ngestokaken dhawuh lan nilar larangan ipun Allah.

Salah setunggaling ciri tetiyang ingkang mbenjang badhe dados penghuni neraka jahanam, injih  menika tiang ingkang  manahe, mripate lan telinganipun kados dene gadhahanipun hewan...mboten pun ginakaken kangge nampi ayat-ayatipun gusti Allah.
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالإنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لا يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالأنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ          
Ingkang artosipun :
Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam, akeh-akkehe saka jin lan manungsa. Dheweke nduweni ati, ananging ora kanggo ngrasakake, dheweke nduweni mripat ananging ora kanggo ndeleng, dhewekke nduweni kuping ananging ora kanggo ngrungokake. Dhewekke iku mau kaya kewan ternak, bahkan luwih asor saka maneh. Dhewekke klebu wong-wong sing pada kelalen”

Hikmah kaping kalih:
Hewan menika menawi sampun cekap kebetahan biologisipun, nggih menika pakan lan kandang, maka sampun rumaos remen lan cekap gesangipun.

Anamung menawi manungsa, mboten namung cekap betahipun kadunyan kemawon... ugi  kedah pados cekapipun kampung akherat, keslametan ing kampung akherat...kados dhawuhipun allah:

وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الآخِرَةَ وَلا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِنْ كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الأرْضِ إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
Artosipun : “Lan padha golekana apa-apa kang den angugrahke Allah marang sira (kabegjan ing kampung akherat) lan aja nglalekake bageanmu saka kabegjanmu ing ndonya..... “


Ing pramila sumangga kita ampun ngantos gesang kita kados dene hewan namung mbujung kabetahan ndonya, (Hubuddunya) nglirwakaken kabetahan kampung akherat......ngibadah wegah, sholat ora kuwat, pasa ora kuwasa, sehat kangge maksiat, duwe bandha kangge nguja hawa, qurban eman-eman...Naudzubilahi min dzalik.

Kosok wangsulipun supados kita tansah semangat ngibadah pados mergi kagem ngeparek/nyedak dhumateng Allah, kados dhawuhipun:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَابْتَغُوا إِلَيْهِ الْوَسِيلَةَ وَجَاهِدُوا فِي سَبِيلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
“He wong-wong kang padha iman, padha taqwa-o sira ana ngarsane Allah. Lan padha goleka dalan kanggo nyaket marang Allah lan pada jihad-a kanthi bandamu lan jiwa ragamu. Supaya sira dadi wong sing padhaa untung.”

Mugi kita tansah kaparingan kekiyatan, hidayah maunah saget ngathah-ngathah aken pengibadahan nilar sedaya kemaksiatan ing saengga kita saget kagolongaken tiang ingkang kaparingan kawilujengan fidunn ya illal akhirah. Amin ya robbbal alaminn.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم






Khutbah II
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ.
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ




INGIN DOWNLOAD FILE PDF LANGSUNG BISA DI PRINT??
SILAHKAN KLIK DISINI







Tidak ada komentar:

Posting Komentar